Ki Ageng Sela, Si Penangkap Petir
Posted 26/05/2011
on:- In: Seni Budaya
- Komentar Dinonaktifkan pada Ki Ageng Sela, Si Penangkap Petir
Bagi masyarakat jawa tentu banyak yang mengenal tokoh yang bernama Ki Ageng Sela dari Demak. Seorang tokoh yang terkenal saktinya. Kesaktiannya adalah pernah memegang petir (Jw : bledeg). Berikut ceita terkait anggota keluarganya.
Babad Tanah Jawa (XXXVIV)
Ki Ageng Sela misuwur kasektenipun saged nyepeng bledheg
Kacariyos sampun dangu-dangu Ki Ageng Tarub kagungan putra kalih, ingkang mbajeng peparab Getaspandhawa, dene rayinipun estri sampun pinikramakaken sedanten. Ingkang kakung jumeneng Ki Ageng Gestapandhawa, ingkang estri dhaup kaliyan Ki Ageng Ngerang.
Kocapanipun Ki Ageng Getaspandhawa kagungan putra pepitu, ingkang mbajeng (No. 1 /anak pertama) piyambak asma Ki Ageng Sela, ingkang rayi-rayi nenem sami pawestri sedanten, inggih punika:
1. Nyai Ageng Pakis;
2. Nyai Ageng Purwapadha;
3. Nyai Ageng Karang;
4. Nyai Ageng Bangsri;
5. Nyai Ageng Bakung;
6. Nyai Ageng Ngalibaya. Sampun jangkep putranipun pepitu.
Kacariyos Ki Ageng Sela, ingkang dados pangayomanipun para kadang warga sedanten, tansah gentur marang kasutapan, ananging sinasaban sesawah nanem gaga utawi tegalan nanem palawija. Nuju sawijining dinten panjenenganipun macul wonten ing tegalan wayahipun Ngasar, sarta jawah riwis-riwis, ing nginggil mendhung lelimengan (kandel sanget mendungipun), anggenipun macul wau piyambakan tanpa rowang. Dumadakan wonten tiyang kaki-kaki prapta tanpa sangkan paran, ujug-ujug sampun wonten ngajengipun Ki Ageng Sela. Ki Ageng kaget tumingal tiyang kaki-kaki wau cinandhak nuli, ing wusana nyuwanten jumegur dados gelap (bledheg). Bledheg taksih cinepeng wujud tiyang kaki-kaki, lajeng binanda kalapuraken ing Demak. Wonten ngriku lajeng ginedhong wesi kinunjara.
Lajeng antawis pitung dinten dangunipun, wonten nini-nini prapta ing kunjaran wau kanthi ngasta toya kasirataken si kaki-kaki, lajeng wonten swanten jumegur kados redi rubuh, gedhongipun wesi bujat, bledhegipun sirna. Miyarsa swanten wau tiyang sapraja Demak sami kaget lan njenger saking gumunipun, sarta kagungan panginten menawi nini-nini wau mesthi garwaning gelap. Sampun misuwur ing sanagari Demak, menawi Ki Ageng Sela kasektenipun saged nyepeng bledheg.
Gantos cinariyos, wonten sawijining dhalang wayang purwa, asmanipun Ki Bicak, inggih punika dhalangipun Sultan Demak, dhek semanten nuju mbarang dhateng sela. Ki Bicak wau garwanipun ayu linangkung tumrap sapadhanipun, ugi ndherek dados niyaganipun, eram ingkang sami tumingal ngalembana ing ayune, jaler estri kathah ingkang kayungyun sami tut buri saparanipun. Ing wusana pawartos wau katur Ki Ageng Sela, lajeng kadhawuhan nimbali ingkang estri kemawon. – Oleh : Damar Sri Prakoso