Maos Al Qur’an Basa Jawi
Posted 05/12/2011
on:- In: Islam
- Komentar Dinonaktifkan pada Maos Al Qur’an Basa Jawi
Para sederek-lan para sedulur muslim ing sak nduwure bumine Allah. Mugi sedaya kabar sehat lan slamet mboten wonten kekirangan satunggal menapa. Kanthi nyebat asma Allah Ingkang Maha Mirah tur Ingkang Maha Asih. Alhamdulillah, sadaya puji namung kagungan Allah SWT., dene sakmenika kita saged nemahi warso enggal 1433H lan saged nindakaken sedoyo lampahan ngibadah dumateng Allah SWT. Mugi-mugi amal ibadah kula panjenengan saged dipun tampi lan pikantuk ridha saking Allah.
Wonten ing warso enggal punika sumangga kita kathah-kathah ngibadah kanthi ikhlasing penggalih. Kulo lan panjenengan saget maos Al Quran wonten ing Bahasa Arab ugi terjemahipun. Menawa para sederek bade sinau terjemah Basa Jawi sumangga dateng website http://wikisource.org/wiki/Jv/Al-Quran ingkang nyediani teks Al-Quran, alihaksara lan ugi terjemah Basa Jawi.
Sugeng nindakaken sedoyo ibadah mungguhing pados ridho Allah, mugi tansah dirahmati lan diridhai Allah SWT.. Kangge sangune gesang wonten alam akherat.